@import url(modules/tagadelic/tagadelic.css);

Kethoprak untuk Kampanye HIV dan Aids


syarikat - Posted on 25 June 2008

KETOPRAK RAKYAT

“Karto Pokil”

Tulisan: Bondan Nusantara

Pelaku:  Pak Gendra,  Mbok Gendra, Jaya Kepruk

Risang, Yu Kerti, Karta Pokil, Resmi

BABAK          :  I  PEKARANGAN OMAHE PAK GENDRA
SETTING       : Omahe wong desa (ora sugih)
WAYAH         : Bubar Ngasar
SWASANA     : Gembira
IRINGAN      : Tembang Lumbung Desa ditabuhi Kothekan.
LAKU             : Nalika tembang meh entuk sak lagon, Pak Gendra teka saka njaban omah karo nggawa besek merga mentas wae kendhuren. Polatane sajak gembira trus lungguh amben, mbukak besek.

01.GENDRA
(OMONG DHEWE - SENENG) Waah, lumayan! Dipangan wong sak omah ora entek! Sega gurih, endhog, jangan krecek, gudhangan karo tahu bacem! Mangka isih ditambahi pupu loro - tempe garit siji! (NGGUYU) Lumayan iki! Upama saben ndina ana wong ngundang kendhuren, ora kelangan dhuwit blanja

02.MBOK GENDRA
(SADURUNGE PAK GENDRA RAMPUNG OMONG WIS METU – NGADEG ANA MBURINE SING LANANG)

03.MBOK GENDRA
(NYAUT - MANGKEL) Enggih! Dhuwite isa nggo seneng-seneng! Nggo keplek, nggo mendem kalih royal! …Ngoten ta?

04.GENDRA
(NOLEH) Swaramu kok sengak ta?

05.MBOK GENDRA
(MAJU - MANGKEL) Kula niku mboten sengak! Ning kandha nyata! Nyatane? Saben bar  Ngisak sampeyan terus nggeblas lunga! Pamite werna-werna! Endi sing muni tirakatan, diundang pak Bayan, digoleki pak Carik, dijak pak Lurah! Mangka jane kula ngerti kok, nek sampeyan ngapusi kula! .

06.GENDRA
(SAKEPENAKE) Sing omong sapa?

07.MBOK GENDRA
(NYAUT – MANGKEL) Ha-nggih kula! Wong kula ngerti dhewe! Sampeyan pamit tirakatan ning jebule marani Waginah, …randhane kulon kali!  Enggih ta?!

08.GENDRA
(SANTAI) Nek omong ki mbok aja ngawur….. Tak akoni, aku pancen lunga nenggone Waginah. Ning lehku mrana kuwi merga ngandhani sripah.

09.MBOK GENDRA
(NYAUT – MANGKEL) Iyaaaaah,…. ora ngandel!  Ngandhani sripah kok pendhak malem Minggu!

10.GENDRA
(SENGOL) Nek le mati malem Minggu apa kon ngandhani Senin!

11. MBOK GENDRA
(MANGKEL) Karo malih,… kula sakniki tak takon! Kok dadi pendhak Setu sampeyan tenggene Waginah ngandhani sripah niku sing  mati sinten?!... Sinten Pak?!

11A.GENDRA
(NYAUT – SANTAI)  Sing mati mbahne Waginah.

12.MBOK GENDRA
(NYAUT) Mbahne Waginah niku pinten? Rak ming siji ta?!

13.GENDRA
(NGEYEL) Ora isa! Mbahne ki papat. Coba etungen. …..Mbahne Waginah dhewe siji, mbahne kuwalon siji, mbahne jenate sing lanang siji, terus mbahne kakangne ipe siji….. Papat ta?

14.MBOK GENDRA
(NYAUT- MANGKEL) Mbuh papat napa sepuluh kula ora urusan! Bakune, kula ora seneng nek sampeyan kerep tenggene Waginah, randha sing disirik wong sak desa merga jenenge pun kebacut elek nika!   

15.GENDRA
Kosik ta. Kok dadi kowe ngarani jenenge Waginah wis elek ki eleke nggon endi?

16.MBOK GENDRA
(NYAUT - MANTEB) Lho?! Sampeyan lali napa?! Bojone Waginah nika le ngajal pripun? Rak nggih dicemplungke luweng ta?! Le dicemplungke luweng  merga nyiksa lan mateni tetunggule prajurit dhek jaman negarane dhewe geger nika! Dene Waginah sak kancane ditangkep lan dikunjara merga mbiyantu grombolan sing ajeng ngrebut panguwasa!  Niku eleke Waginah!

17.GENDRA
(NGGUYU) Njur sing omong ngono ki ya sapa?

18.MBOK GENDRA
(NYAUT) Ha nggih tiyang kathah!

19.GENDRA
(SANTAI) Ooo,…dadi merga omongane wong okeh kowe percaya?

20.MBOK GENDRA
Lha nggih ta!

21.GENDRA
(SANTAI) Upama wong okeh kae kandha nek aku iki tau maling, tau nggrayak karo ngrampog,….. kowe ya percaya? Kowe ya ngandel nek aku iki elek-eleke uwong? Tak kandhane ya Mbokne. Sing jenenge elek – apik – bener karo luput kuwi ora manut kandhane wong okeh.
   
22.MBOK GENDRA
Lha terus  manut sinten?

23.GENDRA
(MANTEB) Haiya putusan pengadilan! Mangka nyatane, Waginah sak bojone durung tau diadili. Tegese rak durung karuwan luput ta?.... Wis lah, sak iki ora sah ngrembug Waginah. Bancakan iki digawa mlebu, aku gawekna wedang. (NGULUNGKE BESEK)

24. MBOK GENDRA
Nggih.  (NAMPANI BESEK – LUNGA)

MUSIK KAPRUNGU - LIRIH

25.JAYA KEPRUK
(SAKA NJABA - SERO) Kula nuwun!

26.GENDRA
(SERO) Mangga!  (GEMBIRA) Weeh,… Sampeyan Kang! Mangga-mangga,.. mangga lenggah riyin Kang!

27.JAYA KEPRUK
(SERIUS) Wis, ora sah repot!  Aku ming sedhela!

28.GENDRA
(RADA WEDI) Nggih. Ning nyuwun ngapunten, papane reged mboten temata. Benten kalih griyane Kang Jaya.  Sae tur jembar.

29.JAYA KEPRUK
(SERIUS) Jembar apa ciyut dudu urusanmu! Wose ya pak Gendra. Tekaku mrene dikonkon Den Bei Karta Pokil. ….Rehne ndaraku butuh ketemu kowe, sak iki  kowe melu aku mara neng daleme Den Bei Karto.

32. GENDRA
(WEDI) Wah, lha kula seg repot je Kang. Nek sesuk mawon pripun?
33. JAYA KEPRUK
(NYAUT – MANTEB) Ora isa! Kowe kudu sowan sak iki!

34.GENDRA
(WEDI) Ha ning kula niku …… (DURUNG RAMPUNG)

34A.JAYA KEPRUK
(NYAUT – MANGKEL) Ora isa! Pokoke kudu sak iki!!! Ngerti tegese sak iki ora?!!

34B.GENDRA
(WEDI) Nggih, ..nggih, ngertos Kang. (SERO) Mbokne! Mangsa borong ngomah,  aku lunga!

MUSIK KAPRUNGU – LIRIH – MBOK GENDRA TEKA

35.MBOK GENDRA
(NYANGGING WEDANG) Lho? Bapakne ki piye ta?! Tiwas digaweke wedang ngaya-aya malah lunga! Nek ngene iki jenenge rak ya mubadir ta! 

36.RISANG
(SAKA NJABA) Kula nuwun Yung!

MUSIK KAPRUNGU - RISANG TEKA

37.MBO GENDRA
(GAPYAK) O,… kowe Le. Seka ngendi iki mau?.

38.RISANG
Saking ngeterke Ipul tenggene Mbah Imam.

39.MBOK GENDRA
(NYAUT) Lha Ipul lara apa, kok digawa nenggone Mbah Imam?

40.RISANG
Nek awake niku waras Yung.  Pikire sing butheg.

41.MBOK GENDRA
(NYAUT) Kosik-kosik,…lingguha kene sik, tak genahke. (LUNGGUH)
Kok dadi Ipul butheg pikire ki sebabe apa?

42.RISANG
(LUNGGUH) Sebabe, Ipul niku sakniki mboten tau saba omah  Anak lan bojone mboten diurusi merga saben ndina ming mendem. Nek pun mumet njur golek cah wedok, gonta ganti. Sing mbebayani malih niku le seneng nyuntik awak bareng-bareng ngangge obat-obatan mbebayani nika Yung.

43.MBOK GENDRA
(NYAUT) Apa sing diarani Narkoba kae pa Le?

44.RISANG
Enggih Lik. Mangka jinise werna-werna tur mbebayani!

45.MBOK GENDRA
(NYAUT) Wah,  lha nek ngono kuwi jenenge Ipul ya kebangeten! Cetha wis duwe anak bojo kok nggugu karepe dhewe! Apa dheweke lali nek nggunakke obat, nyuntik lan gonta ganti pasangan kuwi mbebayani? Ora ming mbebayani tumrap awake dhewe ning ya  tumrap sing wedok lan anak turune!
 
44.RISANG
(YAKIN) Mula niku Yung. Rehne Bapak kalih Mbokne pun mboten isa ngandhani, Ipul terus digawa tenggene Mbah Imam.  Sinten ngerti bareng nyantrik teng rika njur isa mareni tumindake.  

45.MBOK GENDRA
(MANTEB) Ning kuwi rak ya nganggo mbayar ta?

46.RISANG
Mboten Yung. Wong mbah Imam niku duwe perkumpulan sing gawene ngancani, ngrumat lan ndandani bocah-bocah sing kaya ngoten niku. Ning nek pun banget le nyandu nggih kudu digawa teng panti rehabilitasi. Ditambani nganti mari. … (NGINGSET LUNGGUHE) . …Ning anu, ajeng nyuwun priksa. Resmi tengomah napa kesah Yung?

47.MBOK GENDRA
(KAROP NGGUYU) Walaaah hiya! Nganti lali aku! Saben-saben kowe mrene ki mesthi nggoleki Resmi je, kok malah tak jak ngganyik! (NGGUYU) Eee, karang Simbok wis tuwa! Lali butuhe cah enom ya Le!

48.RISANG
(KARO NGGUYU) Mboten napa-napa Yung.

YU KERTI MBENGOK SAKA KADOHAN

49.YU KERTI
(SERO) Saaang..geger Sang!!  Geger !!!

MUSIK KAPRUNGU SERO – YU KERTI TEKA –MUSIK MANDHEG

50.YU KERTI
(GUGUP) Owaaalah Sang! Cilaka iki! Cilaka tenan! Nek kowe ora nenggone Mbah Imam sak iki sida geger tenan! (NYEKEL TANGANE RISANG) Iki tenan Sang! !!

51.RISANG
(NYAUT REMBUG ) Kosik ta Yu, sabar! Sabar sik! Kowe teka sajak kesusu mangka campur bingung kiki ana apa?

52.YU KERTI
(BINGUNG – MANTEB) Geger Sang! Sida geger tenan iki! Mbok wani sumpah! Nek kowe ora ndang nenggone Mbah Imam, geger Sang! Geger tenan!!!
53.RISANG
(NYAMBUNG REMBUG) Hiya. Geger ya geger ning genahe ki ana apa?

54.MBOK GENDRA
(NYAUT) Yu!! Kowe kuwi mbok aja kaya cah cilik! Wis gedhe tuwa kok omongane ora genah!  Mangka solahe kaya bebek kesambit bata! Mbok omong sing genah!

55.YU KERTI
(NYAUT) Nek pisan iki aku pancen bingung Yu! Bingung tenan aku!

56.MBOK GENDRA
(NYAUT) Lhaiya! Bingung ki kena apa? Omong sing cetha ta!

57.YU KERTI
(MANTEB) Ngene lho Yu. Omahe Mbah Imam ki rak lagi suwung merga ditinggal njagong. Lha kok njur ana kabar nek arep diamuk Kang Sabrang! Mangka sing tunggu omah ming aku! Apa ngono kuwi aku ora entuk bingung?!

58.RISANG
Kosik ta. Lha kok dadi Lik Sabrang arep ngamuk neng ngomahe Mbah Imam ki perkarane apa? Mangka sakngertiku, Lik Sabrang ki ora tau duwe perkara karo Mbah Imam!

59.YU KERTI
(YAKIN) Lha kuwi sing aku bingung!  Ning jare Siti, Khusnul karo Barokah, Sabrang muring-muring merga bocah-bocah sing sok mendem karo nggunakke Narkoba kae dha manggon neng omahe Mbah Imam! Mula njur dha arep diamuk!

60.RISANG
Kandhamu kuwi tenan pa Lik Kerti?

61.YU KERTI
(MANTEB) Ha mbok wani samber nggelap, nek nganti aku ngapusi! Mula sak iki kowe nenggone Mbah Imam, timbang omahe Mbah Imam Kang Sabrang!

62.RISANG
Yoh. Nek ngono aku tak mrana.  (MARANG MBOK GENDRA) Yung, kula nyuwun pamit riyin nggih.

63.MBOK GENDRA
Hiya. Ning le ngadhepi sing sabar. Eling ngendikane Mbah Imam. Innaloha ma‘aso birin. Wong sabar kuwi dadi kekasihing Allah.

64.RISANG
Enggih, Lik.

65.YU KERTI
(MARANG MBOK GENDRA) Pamit sik ya Yu.

62.MBOK GENDRA
Yoh.

MUSIK KAPRUNGU – RISANG &YU KERTI LUNGA - BABAK I RAMPUNG

BABAK          :  II  OMAHE DEN KARTA
SETTING       :  Ruang tamu omahe  sugih.
WAYAH         :  Ngarepke Magrib
MUSIK           :  Langgam (instrumental)
LAKU             : Musik isih kaprungu nalika Karta Pokil metu karo nggawa lan nyawang buku kandel nuju tengah panggung. Nalika musik lirih, Karto Pokil gedumelan.

01.KARTO POKIL
 (GRENENGAN – MBESENGUT – NYAWANG BUKU CATHETAN) Wong semene okehe kok ndableg kabeh! Senengane mbeler, ora tanggung jawab! Nek lagi nembung wae nganyih-anyih adol welas. Malah nganggo nangis barang!...Bareng wis entuk? Plencing! Ora ketok buntute!

JAYA KEPRUK TEKA

02.JAYA KEPRUK
(NGAJENI) Kula sowan Den.

03.KARTA POKIL
(MBENAKKE KACAMATA - NYAWANG) O, kowe Ya?

04.JAYA KEPRUK
Enggih Den?

05.KARTA POKIL
Piye? Entuk gawe  ora?

06.JAYA KEPRUK
(MANTEB) Beres Den! Janji teksih onten kula, njenengan mboten perlu kuwatir! Wose, … kapulaga dicampur Cengkeh! Kabeh perkara mesthi beres!

05.KARTO POKIL
(MANGKEL)  Beres – beres lambemu kuwi! Lha wonge wae durung tekan kene kok isa muni beres!

06.JAYA KEPRUK
(MANTEB) Estu niku Den! Gendra pun kula bekta mriki! Rehne kula mboten wani ndhisiki kersane, tiyange kula ken ngentosi teng  ngisor wit sawo!

07.KARTA POKIL
(KAGET) Kon ngenteni ngisor sawo?!

08.JAYA KEPRUK
(MANTEB) Enggih Den! …(NUDINGI NJABA) Lha nika galo, tiyange ngadeg nggejejer teng rika nika!

09.KARTA POKIL
(MANGKEL) Kowe aja  kenthir lho! Mripatmu ki weruh ora nek ngisor sawo  kae tak tanduri suket?! Engko nek suketku mati kepidak-pidak Gendra njur piye?! Kowe sing arep ngijoli?! Ha mbekl gedhes nek kuwat!

10.JAYA KEPRUK
(NYELANI) Kok mboten kuwat Den?

11.KARTA POKIL
(NYAUT) Haiya mesthi ora kuwat wong kae suket larang! Le tuku neng Jepang! Ndadak nganggo numpak mebur! Karo meneh, regane suket kae luwih okeh timbang bayarmu 6 sasi! Ngerti?
 
12.JAYA KEPRUK
(PLEGUKAN) Nggih nyuwun ngapunten Den! Kula mboten ngertos. Njenengan niku wingi-wingi kok ora mboten ngendika nek suket nika suket larang!

11.KARTA POKIL
(NYAUT – NYLEKIT) Ha nek tak kandhani mwingi-wingi ya mesthi kok colong! Lupute kok colong ya kok jupuk sithik njur kok tandur neng omah! Ben pekarangan omahmu padha karo plataranku! Ngono ta?

12.JAYA KEPRUK
Mboten Den.

13.KARTA POKIL
(NYAUT) Wis kana! Ra sah iyig! Gendra dikon mrene! Ning sikile kon wisuh! Sandhale kon nypot ndhak ngregedi jubin!

14.JAYA KEPRUK
Nggih Den.

MUSIK KAPRUNGU – LIRIH. JAYA KEPRUK LUNGA.

15.KARTA POKIL
(GRENENGAN) Bola-bali nek centheng pekok! Sing diendelke ming okole! Ning  sirahe kothong ora ana isine! Andekna kok nyawane ya betah!

GENDRA KARO JAYA KEPRUK TEKA

16. GENDRA
Kula nuwun Den.

17. KARTA POKIL
Ya! Kene maju kene!

18.GENDRA
Nggih.

19.KARTA POKIL
(NJUPUK BUKU – DIDELENG) Wis setaun luwih kowe ora nyicil. Nek dinggunggung, utangmu karo anakane wis luwih okeh anakane! Kowe utang 3 yuta sak iki wis dadi telulikur. Mula, rehne  tekan sak iki kowe ora isa nglunasi,,…. lemah karo omahmu kepeksa tak beslah.

20.GENDRA
(KAGET) Wadhuuh,.. kok ngoten Den?!

21.KARTA POKIL
(KEMAKI) Haiya kudu ngono! Wong dhuwitku ki dhuwit wedok. Saben ndina ngendhog karo manak! Mangka endhog karo anake ora sithik! … Nek ora kok saur sak iki, aku sing bangkrut!

22.GENDRA
(MEMELAS) Ha ning kula dereng saged nyaur niku Den!

23.JAYA KEPRUK
(NGGETAK) Kudu isa! Nek ra isa  tak “ciyaak!”

24.KARTA POKIL
 (NYAUT - KEMAKI) Sing akon nyiak Gendra sapa? Sapa?!

25.JAYA KEPRUK
(MANTEB) Kula dhewe!!

26.KARTA POKIL
(KEMAKI) Apa aku wis akon?

27.JAYA KEPRUK
(PLEGUKAN) Ha nggih,…. dereng!

28.KARTA POKIL
(KEMAKI) Nek aku durung akon kok kowe arep ndisiki? Lancang! Cetheng during diprentah kok wis arep ndhisiki ndarane!  Ben ketok kuwasa kowe timbang aku? Hiya?!

28A.JAYA KEPRUK
(WEDI)
Mboten Den.

28B.KARTA POKIL
(MARANG GENDRA) Piye Ndra? Kowe isa nyaur dina iki apa ora?

29.GENDRA
(MEMELAS) Mboten saged Den.

30.KARTA POKIL
(KEMAKI) Upama,… iki upama. Upama kowe tak kek-i dalan supaya utangmu sah, omah lan pekaranganmu ora tak beslah, apa kira-kira kowe ya gelem?

31.GENDRA
(SENENG) Waah, purun sanget Den! Purun!! ….Ha ning carane terus pripun?

32.KARTA POKIL
(KEMAKI) Kowe rak ngerti ta. Aku ki sugih.  Sawah okeh pekarangan jembar. Isih ditambah sapi 25, kebo 25, jaran 25, wedhus 25,  bebek 25, pitik 25, menthog-ke …..3!
Nek utangmu butuh lunas, ana carane! …. (MAJU NYEDHAK)  Kowe rak duwe anak wedok ta? Jenenge Resmi. Mangka sak weruhku rupane rada mered! … Mula nek utangmu kepengin sah, anakmu wedok tak pek-e bojo. Piye? Entuk ora?

33.GENDRA
Wah, lha nek perkara niku gumantung bocahe Den. Kula mboten isa mutusi.

34.KARTA POKIL
(KEMAKI) Kowe ki rak bapakne ta?! Mosok pandhe kalah karo wesi! Karo meneh, apa kowe ora seneng dadi maratuwane Den Bei Karta Pokil, wong sing sugih dewe sak kabupaten? …. Ning ya kuwi, suk nek kowe dadi maratuwaku, aja manggon neng kene. Ndhak pengeluaran harianku tambah.

35.GENDRA
Nggih Den. Nek ngoten kula nyuwun pamit riyin. Resmi kula takonane. Mangke bocahe gelem, kula mesthi tak mriki matur Den Bei Karta Pokil.

36.KARTA POKIL
Yoh, ning tenan lho ya! Janji Resmi gelem tak pek bojo, kowe mesthi tak kek-I bonus.

37.GENDRA
Pinten Den?

38.KARTA POKIL
Rong ewu!

39.JAYA KEPRUK
Kok ming sithik Den!!

40.KARTA POKIL
Lha utange wis okeh kok!

41.GENDRA
Nggih, pareng riyin Den. (MARANG JAYA KEPRUK) Pun nggih, Kang.

MUSIK KAPRUNGU – GENDRA LUNGA – MUSIK LIRIH

42.KARTA POKIL
Sak iki kowe melu aku nagih Yoyok, Najib kao Antok. Le njupuk barang seminggu kepungkur, tekan sak iki durung mbayar! Mangka jumlahe ora sithik je! ….Ayo!

43.JAYA KEPRUK
Nggih Den!

MUSIK KAPRUNGU SERO – BABAK II RAMPUNG

BABAK          : III OMAHE MBAH IMAM
SETTING       : Pekarangan Omahe Risang
WAYAH         : Bengi
SWASANA     : Mantheng – Kenceng
IRINGAN      : Illustrasi tegang
LAKU             : Pak sabrang metu karo nggawa parang. Nesu.Musik gawe swasana kenceng. Nalika Pak Sabrang metu – musik lirih nanging ora mandheg.

01.SABRANG
(MURING) He Mam,.. Imam!! Nek nyata kowe lanang tenan, ayo metua! Tandhing ijen-ijen mungsuh aku!!! .. Ayo Mam!!! Aja ming neng njero ngomah kemulan sarung! Metua nek wani!

02.RISANG
( SEKA MBURINE SABRANG) Lik Sabrang.

03.SABRANG
(MUNTAB) Naaah,… candhak sak iki! Ora ketemu gerangane ning ketemu muride ya ora papa! He, Risang! Imam nengendi! Kene dikon metu kene, gelut ijen-ijen mungsuh aku! Janji Imam tak bacok ora ngglethak, tak sembah ider-ideran!

04.RISANG
(SABAR) Nggih, gelut nggih gelut. Bacok-bacokan nggih kena. Ning kula tak takon riyin. Onten perlu napa Lik Sabrang teka mriki kalih muring-muring. Mbah Imam niku salah napa kalih sampeyan Lik?

05.SABRANG
(MURING) Ora sah tambuh! Budhega aku isih weruh! Picaka aku isih krungu, nek omahe Imam dinggo ndhelik para pecandu Narkoba karo wong-wong sing dha kena lara HIV AID! Nek wong-wong kuwi ora diusir seka ngomah iki, mesthi tak amuk! Omah iki arep tak rusak lan tak obong!

06.RISANG
Wah, lha nek ngoten niku jenenge Lik Sabrang ‘anarkhis. Ngrampungke perkara ngangge cara kasar, napa malih nganggo kekerasan niku kleru Lik.

07.SABRANG
(MURING) Nek aku kleru kowe arep ngapa?! Arep ngapa?! … Wis, sak iki ora sah kokehan rame! Timbang omah iki tak obong, Imam kon metu! Kon ketemu aku neng kene! Merga aku sing dipercaya njaga katentreman ing desa iki! Sapa sing wani gawe ora tentrem mesthi tak rampungi!

08.RISANG
(TEGAS – SOPAN) Nggih. Kula nggih sarujuk penemune Lik Sabrang. Sing jenenge Narkoba lan penyakit sing dereng onten obate – utawa sing umum katelah HIV AID niku – pancen kudu dibrastha. Apese dipenggak lan ditanggulangi. Sebab penyakit niku mbebayani banget tumrap bebyaran. Ewasemanten, Lik Sabrang kudu priksa. Mbah Imam niku mboten melindungi, napa malih nyedhiyani Narkoba dingge bocah-bocah niku ning malah mbudidaya nambani.

09.SABANG
Nambahi piye?!

10.RISANG
(TATAG – CETHA) Mbotena kula matur njenengan nggih priksa. Penyakit HIV AIDS niku mboten ming perkarane Mbah Imam, ning pun dadi perkarane wong okeh. Sebab penyakit niku pun sumebar tekan pundi-pundi. Mangka nulare saking maneka warna cara. Upamane, seka cairan darah, cairan sperma, cairan vagina lan ASI. Uga saking jarum suntik sing dinggo bebarengan.

11.SABRANG
(NYAUT – MURING) Nek ming perkara kuwi wae aku ya ngerti!

12.RISANG
(NGYAKINAKE) Mula niku, tumrap wong sing pun ketaman, HIV IADS uripe mesthi bakal kekes merga kentekan pengarep-arep. Kepara didohi masyarakat. Mangka jane ngoten niku mboten bener. Merga wong-wong sing ketaman niku nggih taksih klebu sanak sedulur tunggal bangsa.

13.SABRANG
(MURING) Sang!! Kowe ora sah kojah werna-werna! Sing tak butuhke ming siji! Apa sebabe Imam ngayomi wong-wong sing dha kena penyakit kuwi!

14.RISANG
Nyuwun ngapunten nggih Lik. Mbah Imam ngopeni bocah-bocah niku mboten ming landhesan rasa kamanungsan. Ning uga wewaton nalar nek bocah-bocah sing  ketaman HIV AIDS niku nggih tiyang kaya awake dhewe. Kiyambake nggih gadhah hak padha kalih sanak sedulur liyane. Mboten kok malah disirik lan disingkiri.

15.SABRANG
Lah terus dikapakke Sang?

16.RISANG
Ha nggih direngkuh ta. Sokur digedhekke atine supaya tatag olehe ngadhepi uripe.
Kejaba niku, lelakone bocah-bocah niku kena dinggo pasinaon tumrap liyane. Lha nek dede awake dhewe sing melu nanggulangi terus sinten Lik?
15.SABRANG
(WIWIT GOREH) Kok hiya ya. Nyatane ponakanku ya ana sing kena je. Upama bocah-bocah kae ora direngkuh lan diopeni, terus dha dadi apa ya Sang?

16.RISANG
Mula niku. Sing ditindakke Mbah Imam niku apik. Wong tetulung kok disalahke.

17.SABRANG
(GELA) Waaah, nek ngono aku sing luput Sang.  Merga aku  kleru tampa karo tumindake Imam. Tujune wae lehku muring-muring ming kowe sing ngerti. Upama  konangan wong okeh rak kewirangan aku! …Nek ngono sak iki aku tak bali wae. Nek Imam bali kandhaa, aku njaluk ngapura.

18.RISANG
Enggih Lik. Mangke kula aturke Mbah Imam.

SABRANG LUNGA – BABAK III RAMPUNG

BABAK          : IV TENGAH DALAN
WAYAH         : Bengi
SETTING        : Dalan
SWASANA     : Mantheng
LAKU             : Resmi digeret  Karta Pokil, arep diprawasa.

01.RESMI
(GUGUP) Culna aku,..aku culna!

02.KARTA POKIL
Wis ta, manut wae! Osa bengok-bengok! Arepa kowe bengok ora ana sing nulungi!

03.RESMI
(MRENGUT – NESU) Karep sampeyan niku pripun ta Den? Wong kula lagi neng sawah derep kok terus dilarak mrene! Mbok sampeyan ki aja kurang ajar!

04.KARTA POKIL
(KEMAKI) E, Mi,…tak kandhani ya. Aku nglarak kowe ki merga wis entuk lilahe Bapakmu. Wose, … rehne utange Bapakmu sak thekruk, mangka ora isa nyaur, sing nggo ijol kowe. (NGGUYU) Piye? Kowe gelem ta dadi bojoku?

05.RESMI
(MURING) Kula ajeng mang pek bojo?! … Ora sudi! Wong bojo sampeyan pun papat, mangka isih seneng gonta-ganti cah wedok, kok isih arep ngepek bojo kula!

06.KARTA POKIL
(KEMAKI) Weee lha, piye ta kowe ki? Apa kowe ora ngerti nek hobiku rabi? Pancen, nek aku jeleh bocahe tak pegat! Ning rak tak pikirke uripe! Omah tak kek-i, sandhangan tak cukupi, saben sasi tak blanja. Ning ya kuwi, waton ora duwe bojo meneh!
07.RESMI
Ngoten niku jenenge kepenak sampeyan rekasa sing nglakoni! Mula nek kula ajeng mang pek bojo, …. Sorry! Kula mboten isa nglakoni! Luwih becik kula dadi prawan kaseb timbang dadi bojo sampeyan!
 
08.KARTA POKIL
(KEMAKI) Welhaa,…nek omong ki mbok dipikir! Aku ki sugih lho Mi! Nek ming ngrenteng cah wedok sepuluh we gampang! Ning wong nyet-ting atiku ki lagi kowe! Mula yak owe sing tak bledig. … (MAJU) Piye?  Gelem yak owe dadi bojoku!

09.RESMI
(SENGOL) Ora sudi!

10.KARTA POKIL
(NGGLEMBUG) Mbok Sudi. …. (MAJU) Sudi ya Mi.

11.RESMI
(SERO) Mboten!!!!

12.KARTA POKIL
(NGGLEMBUG) Sudi…. aaah!

13.RESMI
(NESU) Sampeyan niku budheg napa pripun? Wis diomongi ora sudi kok ngeyel! Kepara malah saya mblubut!

14.KARTA POKIL
(KEMAKI) Lha direwangi mblubud we angel apameneh ora? Karo meneh, Bapakmu k iwis nglilani kowe dadi bojoku.

15.RESMI
(SENGOL) Arepa Bapak pun  entuk ning rak kula nggih duwe hak nolak! Jamane niku sak niki pun owah! Wong lanang kalih wng wedok niku duwe hak padha dingge nemtokke lakune uripe!

16.KARTA POKIL
(MAIDO) Iyaaal,…ora ngandel! Arepa jamane wis owah, wong wedok ki ya tetep wong wedok. Janji diiming-imingi atusan ewon sak tumpuk ya mesthi katut! Apameneh nek nganggo mobil anyar kinyis-kinyis! Durung disapa wae  wis semrinthil!

17.RESMI
Ning niku dede kula! Nek kula, arepa diiming-imingi bandha sak grobak, kula arep kepencut! Kula mboten sudi dadi bojone wong sing ngegungke bandha lan seneng nguja hawa nepsu! Wong kaya sampeyan niku, gampang kena penyakit merga kerep gonta –ganti pasangan! Mangka sampeyan nggih nyambi dadi bandhar Barkoba!

18.KARTA POKIL
(KEMAKI) Lha karang bathine okeh je! Upama aku ora nyambi dadi bandhar, teneh aku ora isa sugih! Mula ya Mi, Resmi,… sing pungkasan aku omong. Gelema kowe dadi bojoku. Nek kowe gelem, tak tanggung, uripmu mesthi kepenak. …. Piye? Gelem ora dadi bojoku?

19.RESMI
Kula mboten sudi!!!

KARTA POKIL; GANDRUNG – RESMI NOLAK

20.KARTA POKIL
Suwe-suwe kowe kok nggregetke ta Mi? Aku isa ora  sabar lho.

21.RESMI
Nek sampeyan mboten sabar terus ajeng napa?!

22.KARTA POKIL
O, klakon tak prawasa kowe!!!

MUSIK KAPRUNGU – RESMI DIOYAK-OYAK KARTA POKIL – SABRANG,
RISANG, MBOK GENDRA, YU KARTI KARO JAYA KEPRUK TEKA.

23.RISANG
Lha nggih niki, niki Lik sing dadi sumbere memala teng desa niki. Senajan sugih bandha, ning tumindake mboten kena diconto.  Wong kaya Karta Pokil niki mboten ming nglanggar pernatan merga dadi bandhar Narkoba. Ning nggih seneng ngrusak pager ayu! .. Pinten mawon prawan lan randha sing diganggu dening wong mboten genah niki!

24.KARTA POKIL
(MURING) Sang! Kowe aja waton nyuwara!

25.RISANG
(MANTEB) Kula mboten waton nyuwara ning suwara kula ngangge wewaton! Wewaton kula pengakune Lik Jaya kepruk niki!

26.KARTA POKIL
(MURING) Ya! … Kowe aja gendheng lho! Kowe ki centhengku! Jago keprukku! Lha kok malah mbalik melu Risang ki piye?!

27.JAYA KERPUK
(MANTEB) Aku mbalik melu Risang merga aku ngerti nek kowe tumindak ora bener! Ora ming nyalahi pernatan, ning ya ngrusak uripe cah enom-enom jalaran kowe dadi bandar Narkoba! Barang bukti sing kok simpen neng omahmu, wis tak ngerteni kabeh!

28.KARTA POKIL
Kurangajar?!! Jebul kowe ki pengkhianat ta?

29.JAYA KEPRUK
Aku dudu pengkhianat! Ning aku andhahane Mbah Imam sing duwe kuwajiban nggoleki wong-wong kaya kowe! Rehne wis cetha kowe tumindak nasar, mula terus lapur wong-wong iki supaya nyekel kowe.

30.KARTA POKIL
(INGAH – INGIH) Woo,… kowe kabeh wis ngerti ta?

31.KABEH
(MANTEB) Haiya genah!

32.SABRANG
(WIBAWA) Karta Pokil! Rehne lelakon iki wis kewiyak nek sejatine kowe sing ngajari cah enom-enom dolanan Narkoba, nyuntik lan obat-obatan terlarang liyane, mula sak iki kowe manut aku tak gawa nenggone Mbah Imam. Putusan apa sing bakal tumiba, gumantung Mbah Imam. … (MARANG RISANG) Jaya lan kowe Gendra, rangket Karta Pokil!

KARTA POKIL DIRANGKET- RESMI NYEDHAKI RISANG.
KEKARONE CEKEL-CEKELAN TANGAN – MESEM.

 

T A M A T

 

Kasongan, awal April 2008